Asuransi

Asuransi

Bacaan: Wulang Bebasan 14:12-31

14:12 Ana dalan sing dikira bener, mangka wekasané anjog ing pati. 14:13 Guyu bisa kanggo nutupi sedhihing ati; wekasané kabungahan mau adaté mrihatinaké. 14:14 Wong duraka nampa piwalesing penggawéné sing ala; wong mursid nampa ganjarané penggawéné sing becik. 14:15 Wong bodho ngandel marang tembungé saben wong; wong wicaksana lakuné nganggo duga-duga. 14:16 Wong wicaksana kuwi ngati-ati, mula nyingkiri piala, nanging wong bodho ora sabaran lan tumindaké kesusu. 14:17 Wong sing cepak nepsuné sok metu pratingkahé sing tanpa dipikir, nanging wong wicaksana sabar. 14:18 Wong sing tanpa budi nampa piwalesing kabodhoané, nanging wong wicaksana diganjar kawruh. 14:19 Wong ala bakal ndhingkluk ana ing ngarepé wong becik, lan wong duraka ana ing ngareping lawangé wong mursid. 14:20 Wong mlarat disengiti wong akèh, malah kancané dhéwé iya mèlu sengit, nanging wong sugih akèh mitrané. 14:21 Sing sapa ngina marang pepadhané kuwi gawé dosa, nanging begja wong sing melasi marang wong sing nandhang sangsara. 14:22 Sing sapa nindakaké kabecikan kuwi kajèn lan diprecaya déning pepadhané, nanging sing ngrancang piala kuwi wong kesasar. 14:23 Nyambuta-gawé, mesthi kowé bakal olèh panguripan, nanging wong sing mrana-mréné mung ngobrol waé, bakal mlarat uripé. 14:24 Wong wicaksana kuwi kaganjar kasugihan, nanging wong tanpa budi mamèraké kabodhoané. 14:25 Seksi sing temen kuwi mitulungi nyawané wong, nanging seksi sing cidra gawé cilakané wong. 14:26 Pangabekti marang Allah kuwi nekakaké katentreman lan awèh pengayoman sentosa marang wong liya lan brayaté. 14:27 Pangabekti marang Allah kuwi sumberé urip, sing ndadèkaké wong bisa nyingkiri jireting pati. 14:28 Kamulyané raja kuwi gumantung saka akèhé kawulané, tanpa rakyat raja ora bisa apa-apa. 14:29 Wong sing sabar atiné wicaksana, nanging wong sing cepak nepsuné nélakaké kabodhoané. 14:30 Ati sing sarèh kuwi gawé warasé awak, nanging watak cemburu presasat lelara kangker. 14:31 Sing sapa nindhes wong miskin, kuwi ngala-ala Gusti Allah. Melasi wong mlarat kuwi pangabekti marang Allah.

Salah satunggaling pangajeng-ajeng tiyang ingkang ngginakaken asuransi inggih punika supados kagungan jaminan ingkang sae nalika barang utawi panggenanipun risak. Saged ugi supados kabetahanipun ing mangsa ngajeng saged tumata sae lan kacekapan. Ananging, kanyatanipun mboten sedaya asuransi punika gampil anggenipun ngedhalaken jaminan nalika wonten panyuwunan/ klaim. Manawi wonten klaim badhe dipun tindhakaken langkung rumiyin penelitian. Wonten petugas ingkang badhe nyuwun pirsa bab risakipun punika, jalaranipun punapa, sanget punapa boten risakipun, lan sakpiturutipun. Saksampunipun penelitian, nembe saged mangertos pinten persen jaminan ingkang badhe dipun tampi.

Ingkang saged kita raosaken ing kawontenan gesang, kita mbetahaken jaminan gesang supados gesang padintenan punika mboten kebak ing raos ajrih lan kuwatos. Mekaten ugi ing bab iman kapitadosan kita. Sabdanipun Gusti ngengetaken kita bilih Gusti Allah punika ingkang dados jaminan gesang kita. Kanthi wedi-asih dhumateng Panjenenganipun, kita kaajak sami pitados bilih kita badhe nampi katentreman, langkung-langkung Gusti Allah dados tameng, anggen kita ngadepi sedaya prekawis. Pramila kita kaajak purun mbikak manah lan batos kita kangge nampi pamerdi saking Gusti. Mekaten ugi kita lampahi gesang kanthi wicaksana anggenipun tumindhak lan mboten egois. Saking kitab Wulang Bebasan punika, kita saged mangertos bilih ing padintenan kita punika wonten tiyang ingkang wicaksana, ugi wonten ingkang duraka. Tiyang ingkang wicaksana inggih punika ingkang purun mirengaken dhawuh pangandika lan pamerdi saking Gusti, mbudidaya gesang ingkang nyondhongi kaliyan karsanipun Gusti. Tiyang ingkang duraka inggih punika tiyang ingkang sampun nampi dhawuh pangandika lan pamerdi saking Gusti, ananging mboten purun nindhakaken ing gesang padintenanipun.

Sakpunika kita taksih ing swasana wulan Kitab Suci. Ngantos ing dinten punika, kathah sanget piwucal ingkang sampun kita tampi lumantar Kitab Suci. Sedaya ingkang sampun kita tampi punika tamtunipun kangge kasaenan gesang kita. Pramila mangga tansah kita raos-raosaken, kita tindhakaken ing gesang kita kanthi temen lan kebak ing raos tanggel jawab. Kita tansah pitados bilih Gusti Allah punika saestu dados jaminan gesang kangge sedaya tiyang ingkang ajrih-asih dhumateng Panjenenganipun, ingkang setya tuhu nindhakaken sabda sucinipun Gusti.

[Pdt. Adhitya CN]

share

Recommended Posts