Allah Iku Mahakwasa

Allah Iku Mahakwasa

Bacaan: Masmur 29:1-11

Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara

29:1Anggitane Prabu Dawud. He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan! 29:2Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning asmane, padha sujuda marang Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen! 29:3Swantene Sang Yehuwah ana ing sadhuwuring banyu, Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu gedhe. 29:4Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulya 29:5Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres, malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah. 29:6Panjenengane andadosake gunung Libanon mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting bantheng. 29:7Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni mulad-mulad. 29:8Swantene Sang Yehuwah ngoregake pasamunan, Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.29:9Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”29:10Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring banjir, Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase. 29:11Sang Yehuwah muga karsaa paring kakuwatan marang umate, Sang Yehuwah muga karsaa mberkahi umate kalawan tentrem rahayu.

Allah iku maha kwasa, kang nitahken langit bumi
Tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji-puji (KPJ 1:1)

Pepujian punika dados pepujian wiwitan ing Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ). Kula mboten mangertos dhasaripun kenging punapa tim KPJ BMGJ ndadosaken pepujian punika dados pepujian ingkang wiwitan. Ananging miturut panggraita kula karana pepujian punika saestu negesaken bilih Gusti Allah punika Allah ingkang mahakwasa. Allah ingkang sampun nitahaken langit, bumi lan saisinipun. Pramila kita minangka umat kagunganipun dipun timbali supados tansah ngakeni lan ngluhuraken panguwaosipun Gusti Allah ing salebeting gesang kita.

Wonten ing waosan punika Prabu Dawud ngakeni bilih panguwaos lan pakaryanipun Sang Yehuwah punika saestu ngedab-edabi. Bab punika dipun gambaraken lantaran swantenipun Sang Yehuwah punika wonten ing sak inggiling toya, kebak kekiyatan lan kamulyan, kuwaos ndadosaken gunung mlumpat, nyemburaken geni mulad-mulad. Pramila prabu Dawud nimbali supados ingkang manggen ing swarga sami ngluhuraken saha manembah Sang Yehuwah kanthi rinengga ing kasucen (ay. 1-2). Sinten ingkang manggen ing swarga? Sawetawis juru tafsir kitab suci paring katrangan inggih punika para malaekat, nanging saged ugi bangsa Israel minangka putranipun Allah (Ul. 14:1; Mzm. 82:6). Supados saged ngraosaken panguwaosipun Sang Yehuwah lan ningali pakaryanipun, prabu Dawud nyeyuwun supados umat pinaringan kekiyatan lan berkah tentrem rahayu (ay. 11).

Piwulang luhur ingkang saged kita raosaken saking waosan punika :

1. Kita saged ngraosaken panguwaos, pakaryan lan kamulyanipun Gusti Allah ingkang sampun nitahaken gesang kita ing alam donya punika lantaran kaendahanipun alam ingkang ginelar. Kahananipun alam ingkang endah dados srana kangge kita ngakeni kuwaosipun Gusti Allah.

2. Gusti Allah ingkang jumeneng raja kagungan panguwaos lan purba wasesa ing salebeting gesang kita. Pramila sampun ngantos kita gumunggung ngandelaken bandha, panguwaos lan kapinteran kita piyambak. Ananging sadaya ingkang kita darbeki kalawau sageda dados sarana kangge ngluhuraken asmanipun Gusti Allah.

 

(Pdt.Adhitya CN)

share

Recommended Posts