Dados Tuladha
Bacaan: Mazmur 51:1-17
1Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, (51-2) nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba. (51-3) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka, mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka. 2(51-4) Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat. 3(51-5) Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula. 4(51-6) Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik. 5(51-7) Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka, sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa. 6(51-8) Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresan ing salebeting batos, kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula. 7(51-9) Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik, kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju! 8(51-10) Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih! 9(51-11) Paduka mugi karsaa ngaling-alingi wedana Paduka, sampun ngantos mirsa dosa kawula, saha kalepatan kawula mugi Paduka lebur sadaya. 10(51-12) Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa. 11(51-13) Kawula mugi sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka, saha roh Paduka ingkang suci sampun ngantos kapundhut saking kawula. 12(51-14) Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking karahayon ingkang saking Paduka, saha kawula Paduka jangkepi klayan roh ingkang eklas! 13(51-15) Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka. 14(51-16) Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka. 15(51-17) Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka! 16(51-18) Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan, kurban obaran Paduka inggih boten karsa. 17(51-19) Kurban sembelehan ingkang katarimah ing Gusti Allah punika manah ingkang rempu, manah ingkang pepes lan remuk, dhuh Allah punika boten Paduka galih asor.
Nalika upacara bendera ing sekolahan, wonten salah satunggiling Guru ingkang paring tugas dhateng para siswa OSIS bagian kadisiplinan siswa. “He… delengan kae sing baris, ana sing gak nggawe masker. Ndang dicekel, didata, sapa wae iku, ben tertib.” Perintah guru punika sejatosipun nggadhahi tujuan ingkang sae tumrap para siswanipun. Ananging ingkang mrihatosaken, nalika paring perintah dhateng siswanipun, guru punika ugi mboten ndamel masker. Guru punika singkatan saking tembung digugu lan ditiru, menawi kahananipun kados dene ingkang kacariyosaken ing inggil wau, punapa saged guru punika digugu lan ditiru para siswanipun, amargi piyambakipun mboten maringi tuladha ingkang sae lan samestinipun.
Sedaya manungsa punika mboten saged luput saking dosa lan kalepatan. Sanajan Dawud punika tiyang pinilih, piyambakipun ugi mboten luput saking dosa. Waosan ing Jabur 51:1-17 punika minangka pangakening dosa Prabu Dawud awit sampun tumindak dosa wonten ngarsanipun Gusti Allah. Dawud mratobat saking dosanipun sarta nyuwun pangapunten dhumateng Gusti Allah, karana piyambakpun sampun mendet Batsyeba, garwanipun Uria. Dawud ngakeni bilih panguwasanipun Gusti Allah ingkang saged mulihaken piyambakipun. Sarana pamratobatipun, Dawud saged dados tuladha lan paring piwulang dhateng tiyang sanes. Pangaken Dawud punika saged paring pangertosan kangge tiyang dosa sanesipun supados mratobat lan ngener ing marginipun Gusti Allah.
Wonten tiyang ingkang purun ngakeni dosanipun, sami cepet-cepet nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah kangge dosa kalepatanipun. Nanging, ugi wonten tiyang ingkang mboten tumindak kados mekaten, awit piyambakipun katon mboten mangertosi dosanipun. Pitakenan kangge kita: “Punapa kita saged dados tuladha menawi kita asring tumindak dosa?” Saben tiyang pitados nggadhahi tugas lan tanggel jawab anggenipun mawartosaken kabar kabingahan saking Gusti. Dados tuladha ingkang sae dhateng sesami punika syarat utami ingkang kedah dipun lampahi. Mangga kita sami nggulawentah gesang kita miturut karsanipun Allah, bilih wonten kakirangan lan dosa, kita sami nyuwun pangapunten dhateng Gusti. Kanthi mekaten kita saged dados tuladha ingkang sae kangge tiyang sanes ing satengahing gesang kita.
(Pdt. Adhitya CN)
Recommended Posts
Mengalirkan Air Kehidupan
November 23, 2024
Kemenangan yang Menguatkan
November 22, 2024
Semangat Pahlawan, Iman yang Tak Tergoyahkan
November 21, 2024