Gusti Allah Ingkang Paring Kekiyatan

Gusti Allah Ingkang Paring Kekiyatan

Bacaan: Yesaya 51:1-16

Pangandika kang dadi panglipur tumrap Sion

51:1Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha nggayuh marang kabeneran, he sira kang padha ngupaya Pangeran Yehuwah! Padha mawasa gunung parang, pinangkanira katatah, lan luwangan parang pinangkanira kadhudhuk. 51:2Mawasa Abraham, bapa leluhurira, lan Sara kang nglairake sira kabeh; nalika Abraham ijen, Suntimbali, banjur Sunberkahi lan Sundadekake akeh. 51:3Amarga Pangeran Yehuwah nglipur Sion, nglipur sakehing jugrugane; pasamunane kadadekake kaya patamanan Eden lan ara-arane samun kadadekake kaya patamananing Yehuwah. Ing kono tinemu kabungahan lan sukarena, kidung pamuji sokur lan swaraning rerepen. 51:4Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa! Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa. 51:5Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun. 51:6Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane. 51:7Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala. 51:8Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangan tuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel, nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawase sarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun. 51:9Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan, dhuh astanipun Pangeran Yehuwah! Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina, ing jamanipun para leluhur kala rumiyin! Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab, ingkang nyuduk naga ngantos pejah? 51:10Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang? 51:11Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuk tuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak, kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng; kebak kabingahan lan kagirangan, tinebihan ing kasisahan saha pangresah. 51:12Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh. Sapa ta sira iku, dene kok wedi marang manungsa kang pancen bakal mati, marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket, 51:13nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira, kang njereng langit lan nalesi bumi, kok nganti sira sadina-dina tansah gumeter wedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku, kang rumanti arep nyirnakake? Endi ta mulad-mulading nepsune wong kang nganiaya iku? 51:14Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran; ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna, sarta ora bakal kekurangan pangan 51:15Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. — Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane. 51:16Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!

“Panganane padha segane, ora usah wedi.” Kita asring mireng tembung punika, tembung kangge paring semangat supados tiyang punika kendel, mboten minderan. Awit wonten tiyang-tiyang tartamtu ingkang ajrih menawi ngadepi tiyang ingkang langkung ageng badanipun, langkung inggil pendidikanipun, ugi langkung inggil pangkatipun. Satemah awit minder punika, tiyang kalawau mboten saged ngayahi tugasipun kanthi sae, mboten saged maksimal. Wonten ugi ingkang malah mboten saged nindakaken punapa-punapa, mendel kemawon. Badhe tumindak ngoten ajrih, tumindak ngeten ajrih, kados-kados tiyang-tiyang kalawau ingkang nentokaken gesang saha samudayanipun.

Bangsa Babel minangka bangsa ingkang ageng lan kiyat armada tempuripun dadosaken bangsa Israel punika rumaos alit ing manah. Punapa malih kasunyatanipun kahanan ingkang dipun alami dening bangsa Israel gegirisi, gesang kebak kasangsaran, lan awrat nyanggi momotan. Awit saking kahanan punika dadosaken bangsa Israel minder lan ajrih dhateng bangsa Babel. Kahanan ingkang mekaten punika kedahipun mboten kelampahan, awit bangsa Israel punika kedahipun namung ajrih dhumateng Gusti Allah kemawon, sanes manungsa ingkang ringkih saha winates, ing titiwancinipun badhe pejah. Sinten ingkang kuwasa tumrap gesanging manungsa? Inggih punika Gusti Allah. Ing waosan kita punika, nabi Yesaya negesaken dhateng bangsa Israel supados namung ajrih dhumateng Gusti Allah, sanes dhateng manungsa. Sampun ngantos awit ajrih kanthi sanget dhateng manungsa, bangsa Israel lajeng kesupen kagungan Gusti Allah ingkang saged paring pitulungan nindakaken pakaryan ingkang adi.

Raos ajrih dhateng sinten saha punapa kemawon, saged nutupi manah kita, saengga kita mboten saged ninggali bilih wonten sosok pribadi ingkang Agung, ingkang nglangkungi punapa kemawon, inggih punika Gusti Allah. Gusti Allah punika ingkang saged mitulungi manungsa, uwal saking masalahipun, mitulungi manungsa uwal saking tiyang awon lan jahat. Pramila sampun kuwatos, Gusti Allah punika nglangkungi samudayanipun. Nalika kita tansah ngeneraken gesang dhumateng Gusti Allah, mboten wonten ingkang ndodosaken kita ajrih. Gusti Allah ingkang dadosaken manungsa tetep gadhahi semangat lan wantun kangge ngadepi punapa kemawon, mliginipun ngadepi tiyang-tiyang ingkang jahat.

(Pdt. Adhitya CN)

share

Recommended Posts