Gusti Allah Papan Karosan & Pengayoman Kita

Gusti Allah Papan Karosan & Pengayoman Kita

Bacaan: Mazmur 46:1-12

Gusti Allah iku kutha beteng kita

1Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan. (46-2) Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan. 2(46-3) Mulane kita ora bakal miris, sanadyan bumi ngantia ngalih panggona, tuwin gunung-gunung padha gonjing ana ing telenging segara; 3(46-4) sanadyan gumuruh sarta banyune munthuk, sarta sanadyan gunung padha horeg marga saka molak-maliking alun. (Selah0. 4(46-5) Ana bengawan kang iline mbungahake kuthaning Allah, padalemane Kang Mahaluhur. 5(46-6) Gusti Allah ana ing kono, mula ora bakal gonjang-ganjing, sarta bakal dipitulungi dening Gusti Allah ing wayah bangun esuk. 6(46-7) Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing, Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur. 7(46-8) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku dadi beteng kita. (Selah) 8(46-9) Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi, 9(46-10) kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni. 10(46-11) “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!” 11(46-12) Pangeran Yehuwah Gustining kang sarwa dumadi nunggil karo kita, Allahe Rama Yakub iku beteng kita. (Selah)

Ing gesangipun manungsa asring sanget nandhang mawerni-werni karubedan. Waosan Kitab Suci dinten punika nujukaken kawigatosan kita dhumateng karubedan. Sepisan, gegayutan kaliyan bencana alam. Wontenipun lindu, banjir, angin ageng, gunung bledos lan sakpanunggalanipun dadosaken wontenipun tiyang ingkang sami kecalan padamelan, kecalan griya lsp. Kaping kalih, gegayutan kaliyan memengsahan ingkang dadosaken wontenipun tawuran ing antawisipun kelompok masyarakat. Sesami lan sadherek dados mengsah. Kejawi punika ugi dadosaken peperangan ageng ing antawispun bangsa. Satunggal bangsa nyerang bangsa sanesipun temah dadosaken wontenipun tiyang ingkang dados kurban, malah ugi boten sakedhik ingkang sami tilar donya. Prekawis punika tamtunipun mrihatosaken sanget. Kaprihatosan punika ingkang lajeng nuwuhaken tumindak paring pitulungan dhumateng sesami ingkang ngalami karubedan awit dados korban bencana alam, peperangan, lsp.

Migatosaken tiyang sanes ingkang ngalami karubedan lajeng tumindak paring pitulungan pancen dados kuwajiban ingkang kedah katindakaken dening saben tiyang dhumateng sesamininipun. Langkung-langkung ngrumaosi bilih saben tiyang boten saged menawi ing gesangipun namung ngandelaken kakiyatanipun piyambak. Saben tiyang betahaken lan dipun betahaken tiyang sanes. Pramila, tulung tinulung punika perlu katindakaken wonten ing pasrawungan.

Gusti Allah ingkang nimbali manungsa dados para umat kagunganipun tansah paring kawigatosan dhumateng para umat kagunganipun. Panjenenganipun karsa nunggil lan paring pitulungan dhumateng umat kagunganipun ingkang nandhang karubedan kanthi paring pangayoman lan karosan. Saben tiyang ingkang ngungsi dhumateng Panjenenganipun, boten badhe getun lan nglaha. Gusti Allah ingkang prakasa lan Mahaasih mesthi paring pitulungan. Pitulunganipun Gusti Allah mesthi dadosaken semangat tumrap kita anggenipun ngadhepi lan ngrampungi karubedan. Pramila, nalika kita ngadhepi karubedan sampun ngantos kita tumindak ala kanthi nebih saking Gusti Allah lan ngandelaken kakiyatan kita piyambak. Nanging sumangga kita sami ngandelaken pangawosipun Gusti Allah lan nindakaken punapa ingkang nyondhongi kaliyan karsa-Nipun. Pitulunganipun Gusti Allah mesti dadosaken kita ngalami katentreman.

(Pdt. Adhitya CN)

share

Recommended Posts