Mujudaken Katentreman

Mujudaken Katentreman

Bacaan: 1 Samuel 25:36-42

25:36Saulihe Abigail tekan ing panggonane Nabal, lah wonge lagi nganakake bujana ing omahe wis kaya bujananing raja. Nabal bungah-bungah nganti mendem kepati, mulane kang wadon ora martani sakecap-kecapa, nganti tumeka byar esuk. 25:37Nanging esuke, nalika Nabal wus ora mendem, lagi diblakani dening somahe mungguh sakehe prakara iku. Dumadakan jantunge mandheg ing dhadhane lan awake kaku. 25:38Lan let watara sepuluh dina sawise iku Pangeran Yehuwah nggebag Nabal, nganti dadi lan patine. 25:39Nalika wartane kapireng dening Sang Dawud, pangandikane: “Pinujia asmane Sang Yehuwah, kang mbelani aku ing bab panyamahe Nabal marang aku lan ngampah abdine saka ing panggawe ala. Sang Yehuwah wis nampekake pialane Nabal marang sirahe dhewe.” Sang Dawud banjur utusan wong ngrembug karo Abigail anggone arep dipundhut garwa. 25:40Para abdine Sang Dawud nuli nemoni Abigail ana ing Karmel lan pratela marang wong wadon iku mangkene: “Sang Dawud ngutus kula sowan panjenengan, panjenengan punapa karsa dipun pundhut garwa?” 25:41Wong wadon iku tumuli gumregah ngadeg, sujud nyembah sumungkem raine konjem ing bumi sarta matur: “Abdi paduka punika saestu kepengin dados parekan ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.” 25:42Abigail banjur enggal-enggal tata-tata lan nunggang kuldine lan diiringake batur wadon lima. Abigail budhal ngetutake utusane Sang Dawud iku, lan banjur dadi garwane Sang Dawud.

Ngraosaken katentreman ing pigesangan punika dados pangajeng-ajengipun saben tiyang. Nadyan mekaten mujudaken katentreman punika sanes prekawis ingkang gampil katindakaken. Nyatanipun, wonten pasrawungan inggih wonten kemawon pasulayan. Prekawis punika saged kadadosan awit saben tiyang langkung ngutamikaken pamanggih lan pikajengipun piyambak, boten peduli tumrap pamanggih lan kawontenan tiyang sanes. Pramila, kangge mujudaken katentreman merlokaken sikap lan tumindak ingkang wicaksana. Kejawi punika ugi tansah ngupadi saged srawung kanthi sae kaliyan sinten kemawon wonten ing pasrawunganipun.

Nalika, Dawud ngupadi mujudaken sesambetan ingkang sae kaliyan Nabal wonten ing tlatah Israel, tiyang-tiyang ingkang dipun utus Dawud mujudaken pangajeng-ajengipun punika malah dipun ungel-ungeli awon. Mireng prekawis ingkang kados mekaten, dadosaken Dawud duka. Malah sampun ngrancang murugi Nabal kanthi bekta pasukan ingkang nyengkelit pedhang (Ay. 13). Mireng rancangan Dawud ingkang mekaten, Abigail semahipun Nabal sowan dhateng Dawud tanpa dipun mangertosi dening Nabal. Abigail kanthi sikap lan tumindak wicaksana sujud nyembah ing ngarsanipun Prabu Dawud, lajeng matur supados Prabu Dawud boten mujudaken niatipun nyingkiraken Nabal. Abigail nyuwunaken pangapunten lan nyaosaken atur-atur dhateng Prabu Dawud. Prekawis punika dadosaken trenyuh manahipun Dawud lan boten nglajengaken punapa ingkang dados rancanganipun.

Sikap lan tumindakipun Abigail ingkang wicaksana ugi kawujudaken nalika paring pangertosan dhumateng Nabal. Nalika ningali kawontenaniun Nabal ingkang mendem kepati, Abigail nengga wekdal ingkang saged dadosaken Nabal nampi pangertosan ingkang badhe dipun cariosaken, awit tiyang ingkang mendem kepati punika tamtunipun boten saged dipun ajak rembagan kanthi sae, wusananipun malah saged dadosaken pasulayan. Pramila, Abigail nembe martosaken punapa ingkang sampun katindakaken nalika enjang, sak sampunipun Nabal boten mendem. Ing wusananipun Nabal sakit lan seda saksampunipun mireng pawartos saking Abigail. Kangge kita, sikap lan tumidakipun Abigail ingkang mekaten punika saestu dadosaken kaeraman. Pramila, sumangga kita tansah ngupadi ngemudheni diri, sarta tansah mujudaken sikap lan tumindak ingkang wicaksana kangge mujudaken katentremaning gesang.

 

(Pdt. Adhitya CN)

share

Recommended Posts