Ngono Ya Ngono, Neng Ojo Ngono

Ngono Ya Ngono, Neng Ojo Ngono

Bacaan: 1 Korintus 10:23-33

Bab apa kang dadi sesirikan

10:23Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang mbangun. 10:24Aja nganti ana wong kang mung golek untunge dhewe, nanging saben wong ngaraha untunging liyan. 10:25Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati. 10:26Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.” 10:27Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati. 10:28Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati. 10:29Kang dakkarepake pangrasaning ati iku dudu pangrasaning atimu dhewe, nanging atine wong liya iku. Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta, dene kamardikanku kok ditemtokake dening pangrasaning atine wong liya? 10:30Manawa aku melu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagene aku kok dialakake marga saka panganan kang daksokuri iku mau? 10:31Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah. 10:32Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah. 10:33Dikaya aku iki iya ngarah nglegakake atine wong kabeh ing bab apa bae, ora kanggo kapreluanku dhewe, nanging kanggo kabutuhane wong akeh, supaya padha nemua karahayon.

Wonten tetembungan ingkang asring kita mirengaken, “ngono ya ngono, ning ya aja ngono!” Tembung punika minangka piwucal kangge kita supados kabebasan ingkang kita raosaken punika saged dipun-ginakaken kanthi wicaksana! Mboten ateges, kita nindakaken punapa kemawon miturut punapa ingkang dados pikajeng kita! Pangatag punika ngangkah supados kita ingkang kaparingan kawicaksanan saha luwihaning budi punika saged mujudaken gesang punika kanthi sae.

Babagan punika cundhuk kaliyan piwucalipun Paulus dhateng Pasamuwan Korinta. Prelu kawuningan bilih, pasamuwan Korinta punika gesang ing maneka-warni babagan kahanan. Kahanan ingkang benten-benten punika asring ndadosaken pasamuwan Korinta sisah ing penggalihipun, salah satunggaling nggih punika bab kabebasan anggenipun mujudaken gesang.

Sesambetan kaliyan sisahing penggalih punika Paulus paring piwucal (1 Kor. 10:23-33) :
1. Samubarang ingkang dipun lampahi punika kedah maedahi
2. Samubarang ingkang dipun lampahi punika kedah mbangun
3. Samubarang ingkang dipun lampahi punika kedah ngarah untungipun liyan
4. Samubarang ingkang dipun lampahi punika kedah kagem kaluhuraning Gusti Allah
5. Samubarang ingkang dipun lampahi punika kedah nuwuhaken karahayon.

Sedaya piwucal punika dipun aturaken dening Paulus supados (1) Pasamuwan Korinta estu mangertos bilih samubarang ingkang kalampahan punika mboten namung bebas, ananging samubarang ingkang kalampahan punika kedah wonten pangangkah ingkang cetha! (2) Pasamuwan Korinta saged sinau bilih tumindak gesang punika mboten namung kadhasaran angsal punapa mboten, ananging sadaya tumindak ingkang kalampahan kadhasaran kawicaksanan lan luhuring budi. (3) Pasamuwan Korinta estu ngarah saha ngener bilih sadaya tumindak ingkang kalampahan namung kagem kamulyaning Gusti.

Lumantar piwucaling Rasul Paulus punika tuwuh pitakenan, punapa gesang kita punika sampun cundhuk kaliyan piwucal-piwucal kalawau? Menawi dereng kalampahan kanthi sampurna, sumangga sami kaatag enggal ngupadi nyampurnakaken? Menawi babar-pisan mboten nate kalampahan, mangga kita sami ngraosaken, punapa sejatosipun pangangkah gesang kita punika?

(Pdt. Adhitya CN)

share

Recommended Posts